Thursday, 3 November 2011

Sawang Sinawang

By Abu Fahad Abdullah (Raden Wiralodra)

Mang Denggol esuk-esuk jentul ning sor wiwitan pelem, pikirane ngalor ngidul, lamunane ora karuan mikiri dalane urip. Bari ngomong sejero neng ati, jare Mang Denggol : “ehm….kapan uripe reang dadi enak….lawas mekaya dadi tukang beca cuma cukup kanggo mangan sedina karo anak rabi, kuwen gah cuma mangan karo gesek lan sambel terasi…..turu ning umah gubug……,kapan reang kuh dadi wong sugih, duwe umah gedong…mobil bagus…turu lali ning kasur empuk………

Saking antenge ngelamun Mang Denggol ora weruh yen Mang Cengkrong bature teka…..
Jare Mang Cengkrong……” Gol…..Denggol….!!! lage apa sih sira kuh jental jentul dewekan bae ning sor wiwitan pelem kuh….lage mikiri apa sih….negara wis ana sing ngurus…..!!!!
Saking kagete Mang Denggol enjingkrak….” eh…Cengkrong, ora weruh maning sira kuh teka….Ya Krong, jare dewek mah kita kuh lage mikiri nasib, urip blenak bae….mekaya tukang beca cuma cukup kanggo mangan sedina….jare dewek mah pengen dadi wong sugih…..
Lah….Gol, wong urip mah kudu bisa nerima kenyataan lan bersyukur, sugih melarat wis rezekine sing gusti Allah….wong sugih durung tentu uripe seneng….wong melarat durung tentu urip sedih…sing penting mah kita bisa nerima kenyataan lan tawakal karo gusti Allah……
“Maksude sira apa sih Krong……wong sugih kan pasti uripe seneng, mangan enak, turu lali….bareng kita wong melarat kapan senenge………” Jare mang Denggol bari matae melotot.
Gol….weruh beli Mang Medit….wong sing duwe umah gedong kah…..najan uripe akeh dunya tapi atine ora tenang…….”
Sing bener sih Krong……”! jare mang Denggol……
Kah mang Medit…..turu bae dijaga satpam….guwen gah masih pikiran bae…..pikiran bokat ana maling….pikiran bokat mobile dicolong…..durung maning mikiri sejen-sejene……turu gah beli lali……Kita wong ora duwe turu padu geletak bae gah lali, ora mikiri maling…. ira turu ning beca bisa ngorok….coba mang Medit kongkon turu ning beca masa bisaa wedi bokat garong….. sing penting mah kita tetep duwe iman lan islam, kader wong urip mah sawang sinawang….enak sote jare wong kang nyawang....wong sing uripe enak kuh ya wong sing atine tentrem” jare mang Cengkrong ngupai setitik nasehat.
Ehhh….dadi mengkonon ya Krong…..ya wis kesuwun, sira wis ngelingaken reang…..ya wis kiyen reange arep luruh rezeki dikit…….” mang Denggol pamit karo endorong beca.

0 comments:

Post a Comment