By Abu Fahad Abdullah
Krong ...Cengkrong menea gah..." jare Mang Denggol. "Ana apa sih Gol...kayae penting pisan" jare Mang Cengkrong bari pesam pesem. Mang Denggol karo Mang Cengkrong dodok ning jondol bari ngobrol ngalor ngidul, kadang-kadang wong loro kukur kukur endas.
Krong....reang kih kari endeleng wong wadon jaman sekien kuh ana bungah kurang seneng..." Mang Denggol nyeletuk.
Apa sih Gol....masa endeleng wong wadon zaman sekien ana bungah kurang seneng sih priwe....lah kayae mah sira kuh lage kegembang ya...." jare Mang Cengkrong. Aja salah sangka sih Krong...." mang Denggol matae melotot. ....nang apa reang kuh lamon endeleng wong wadon zaman sekien kuh ana bungah kurang seneng....coba Krong delengen dangdane senok Darwijem..." jare Mang Denggol. ooooohhhhh.....senok Darwijem !!!!! Ya kari kuwen mah reang gah weruh....." jare Mang Cengkrong. "...weruh apa Krong...?! takone mang Denggola ning Cengkrong.
"ya weruh.....senok Darwijem kah wonge seksi, ayu....nganggo jilbab....." jawabe mang Cengkrong.
" Lah....kuwen mah kabeh wong gah weruh Krong...Cengkrong....!!! Maksude reang delengen dangdane......wonge nganggo jilbab tapi nganggoe celana jean sing mrekecet utawa ketat, kuh ning kono reang kuh sing gawe ora enak....kuwen kuh dudu Darwijem bae sing nanggo dangdanan kayang konon kuh...pirang pirang, jare bahasae wong jaman sekien mah lage ngetren....kari jare reang sih ya kudu disesuai aken...yen nganggo jilbab iku artine nutup aurat, sebab jare wong pinter mah wong wadon kuh kudu nutup aurate sing awit endas sampe sikil, kecuali rai lan telapak tangan....Bareng bocah wadon jaman sekien, ning duwure rapih nganggo jilbab tapi nganggo celana jean sing mrekecet, katon brenjal brenjole...bokonge ngalor ngidul....ya ora pantes....." jare mang Denggol bari ngusap keringet.
"...aih....iya...ya Gol....reang kuh nembe sadar...." mang Cengkrong manggut manggut.
" Mulane gah Krong...kita sing dadi wong tua kudu bareng bareng ngelingaken anak putu supaya nganggo dangdanan sing pantes, sebab wong nganggo jean sing mrekecet kuh najan ketutup tapi sejatie ora nutupi aurat sebab katon brenjal brenjole...." jare mang Denggol.
Pragat ngobrol ngalor ngidul Mang Denggol lan Mang Cengkrong pada mangkat menggawe luruh rezeki..........
Friday, 11 November 2011
JILBAB & JEAN
Subscribe to:
Post Comments (Atom)



0 comments:
Post a Comment