Thursday, 18 November 2010

Nasib TKI

By : Raden Wiralodra
Kayane awake kita kerasa enggereges lan atine lara pating sereset maca berita ning internet. Durung rampung kasus penyiksaan TKI Sumiati ning Arab Saudi, kien ana maning berita sing gawe ngenes lan gawe lara ati, yaiku berita mengenai kematian TKW asal Cianjur, Keken Nurjanah ning Saudi Arabia. Nang apa sih para TKI terutama TKW selalu dadi bahan pelecehan, penyiksaan lan pembunuhan. Kita sebagai wong Indonesia ngerasa ngenes endeleng nasib TKW sing nasibe ora bagus.

Menurut kita akeh factor sing kudu dibenahi kanggo ngelindungi para TKI/TKW :
Pertama, pemerintah kudu bener-bener ngirim TKI/TKW sing terlatih lan duwe ijazah lamon bias ijazah SMA. Sebab kenyataane para TKI/TKW umume lulusan SD malah akeh sing ora lulus SD. Lamon jare ilmu psikologi mah tingkat pendidikan kuh mempengaruhi pola pikir, artine lamon wong sing cuma lulusan SD atau apa maning ora sekolah biasa ora bisa atau kurang mampu menganalisa masalah, apa maning ngadepi kerjaan ning negarae batur sing jelas-jelas memerluaken adaptasi baik bahasa, lan uga budaya. Ujung-ujunge lamon TKI ngadepi masalah/pelecehan ya ora wani ngomong apa-apa.
Keloro, jujur bae system politik lan ekonomi Negara Indonesia masih lemah, sehingga Indonesia ora bisa tegas karo Negara-negara sing jelas-jelas nyiksa para TKI. Coba lamon sistim politik lan ekonomi Indonesia kuat, Negara sejen manut karo Indonesia. Contoh paling sederhana, wong Arab lebih hormat karo Amerika lan Negara Eropa dari pada wong Asia khususe Indonesia, sebab Amerika lan Eropa sistim politike kuat.
Ketelu, system perlindungan TKI masih amburadul. Sistem perlindungan TKI masih beroreantasi meng profit dudu oreantasi meng perlindungan TKI.
Kuh jare kita sih mengkonon, pemerintah kudu bener selektif kanggo pengiriman TKI.

0 comments:

Post a Comment