Saturday, 20 June 2009

JOGREGAN

Lara Boyok
JARE bobade wong kanda, masih mending disewoti
mertua, tenimbang boyoke lara. Wis olih rong
dina, Lamsijan mlaku prekangkang-prekengkeng
lantaran boyoke lara.
“Jan, nambani lara boyok kuh gampang…”
“Carae priben Dul?” takon Lamsijan.
“Ditugel boyoke!” jawab Dul Gepuk.
“Sira sih.., disalari kuh jawabane moregan.”
“Baka bab nyalar sih kudu ning Mama Elang,”
jare Dul Gepuk.
Kadingaren, Mama Elang ujug-ujug tandang.
Lamsijan gage bae takon soal boyoke kang lara.
“Jan, lamun sira duwe rangda rawatan, kudu gage
dipegat, lamun duwe anak rabi, gage gawe surat
wasiat, baka sira akeh dosa gagean tobat.., sebab
uripe sira bakal sedelat.., sira bakal mati.”
Ngrungu Mama Elang ngomong mengkonon,
Lamsijan metu kringet atis, bari nangis-nangis,
nyebut-nyebut asmae Allah lan maca istighfar.
“Toli kapan kula matie Ma..?” takon Lamsijan.
“Kapan-kapan Jan.., kabeh menusa bakal mati,
kaya dene sira.., bisa sukiki, bisa emben, bisa uga
taun arep…” jawab Mama Elang.
Leres pisan…

0 comments:

Post a Comment